Pidato Versi B.Jawa

Posted by : Unknown di 8:00:00 AM



Nuwuhake Jiwa Patriotisme Generasi Muda

Assalamualaikum Wr.Wb
Bu Yuliawati sing kula hormati
Lan konco kabeh sing tak trisnani
Puji syukur kita aturaken marang gusti Allah sing tansah maringi kesehatan marang kita kabeh. Shalawat lan salam muga diparingne kanggo Nabi Muhammad SAW. Ibu guru lan kanca – kanca, ing kesempatan iki, kula matur perkara kemerdekaan RI sing kaping 68. Negara Indonesia merdika tanggal 17 Agustus 1945 kalawan perjuangane para pahlawan bangsa lan dibarengi rahmate Gusti Allah SWT. Pengorbanane para pahlawan iki ing sakkabehe penjuru nusantara mbelani negara mbrantas penindasan lan kekejamane penjajah.
          Ibu guru lan kanca kabeh, ing tahun iki, 2013 negara kita ngrayakake kemerdikaane sing kaping 68. Kita sebagai pelajar, kudu nduweni semangat nasionalisme uga patriotisme kanggo ngisi kemerdekaan iki supaya tansah kita bisa maju. Mulane, ayo pada sinau sing sregep kaggo mbangun jayane NKRI. Ibu guru lan kanca kabeh, cukup sak mene pidato seng kula sampekne. Menawa ana salah lan kurange sing dak sengaja utawa ora sengaja kula njaluk pangapura seng akeh. Wassalamualaikum Wr. Wb.

0 komentar:

Posting Komentar